REPORTASE BUDAYA

Jumat, 30 Desember 2016



PENGETAN KALIH TAUN (PENDHAK LORO) ALMH. NY. SAMINEM
Dening Pravita Daniswari saha Ahmad Dwi Susanto

Miturut Bapak Jumari minangka Mbah Kaum wonten ing Dhusun Ngalian, Widodomartani, Ngemplak, Sleman, Yogyakarta, pengetan kalih taun (rongtaunan) utawi asring dipunsebut pendhak loro, inggih menika upacara pengetan satunggaling tiyang ingkang sampun jangkep kalih taun anggenipun seda. Upacara menika taksih katindakaken dening para warga dhusun Ngalian wiwit jaman rumiyin dumugi samenika. Pengetan kalih taun, dipuntindakaken kanthi cara tahlilan bibar maghrib utawi bibar isya. Pengetan pendhak loro Almh. Ny. Saminem menika katindakaken malem Rebo Legi, tanggal 6 Desember 2016. Tahlilan kala wau dipunpimpin dening Mbah Kaum Ngalian, Bapak Jumari, saha sesepuh Dhusun Ngalian, Mbah H. Suwito Triatmojo. Dene ingkang ndherek tahlilan menika sedaya warga ingkang kakung saking sekawan RT wonten ing Dhusun Ngalian. Anggenipun nglempakaken para warga menika kanthi cara ngutus pawongan supados sowan saben griya nyaosi pirsa bilih ingkang gadhah hajat ngaturi para warga tindak wonten griyanipun saprelu tahlilan rongtaunan. Setunggal RT menika wonten setunggal pawongan.

                                 
Mbah H. Suwito (Sesepuh Dhusun Ngalian)      Bpk. Jumari (Mbah Kaum)

Mbah Yatno Rejo (Garwanipun Almh. Ny. Saminem) 

Adicara pengetan kalih taun wonten ing Dhusun Ngalian, limrahipun katindakaken kalih dinten. Dinten ingkang sepisanan menika ingkang gadhah hajat ngawontenaken rewangan saha ater-ater. Dados para ibu-ibu setunggal RT wonten ing RT-nipun ingkang gadhah hajat sami nglempak saprelu olah-olah dhaharan kangge ater-ater. Ater-ater inggih menika dhaharan ingkang dipuncaosaken dhateng para warga dhusun saha sedherek ingkang griyanipun tebih. Wonten ing rongtaunan Ny. Saminem kala wingi isinipun ater-ater wonten ingkung ayam goreng , sekul liwet, lalapan, saha sambel.
Dinten ingkang kaping kalih dipunginakaken kangge masak dhaharan kangge tahlilan bibar isya. Dhaharan kala wau dipunsebut berkat. Filosofi berkat menika saking “mak brek banjur diangkat”. Isinipun berkat wonten gandum (gantosipun beras), gendhis pasir setengah kilo, ketan kolak apem, gedhang, krupuk, tigan setunggal, teh setunggal, mi setunggal, saha jajanan. Sedaya kala wau dipunlebetaken wonten ing wadhah kresek, menawi kala rumiyin ngangge besek, ananging amargi besek menika sampun radi angel dipunpadosi lajeng dipungantos kresek werni-werni.

       
Berkat                                                 Isinipun Berkat

Wonten ing dinten kaping kalih, kluwarga Almh. Ny. Saminem ugi nyamektakaken sajen kangge ingkang sampun seda. Isinipun sajen wonten sekul, jangan (sayur), lawuh (ayam goreng), bakmi, ketan kolak apem, teh, krupuk saha peyek. Miturut kapitadosan tiyang Jawi, sajen menika kangge njagani menawi ingkang sampun seda kala wau arwahipun dhateng griya. Ananging miturut Mbah H. Suwito, kenging menapa kedah ngangge sajen, sajen menika nedahaken kangge ingkang taksih gesang. Menika apem saking basa Arab “Afuwun” ingkang tegesipun “Ampunan”, kita minangka tiyang gesang kedah nyuwun pangapunten dhumateng Gusti Allah. Lajeng ngangge godhong dhahap serep, godhong menika nedahaken supados tiyang gesang dipunparingi ayem tentrem. Sebabipun, godhong dhadhap serep menika kenging kangge usada. Tiyang ingkang benter, dipunpupuhaken ngangge dhadhap serep saged mantun. Dadosipun, sajen menika boten kangge dhahar tiyang ingkang sampun seda, ananging kangge pangemut-emut tiyang gesang bilih sedaya tiyang menika bakal seda, supados tiyang gesang sami nyuwun pangapunten marang Gusti, saha ngginakaken sajen menika saged kangge nglestantunaken kabudayan Jawi.

         
Sajen                                                     Sekul 

Ayam Goreng                                        Jangan (Sayur)

        
Ketan Kolak Apem                               Krupuk & Peyek

 
Teh 

Sontenipun, sedaya kluwarga sami nyekar wonten makamipun ingkang seda. Limrahipun nyekar mbekta kembang setaman saha toya klapa. Wonten ugi ingkang mbekta sapu saha arit kangge reresik makam. Kembang kala wau boten ateges musrik, ananging kangge damel makam supados wangi. Ing makam, sedaya kluwarga sami ngonjukaken pandonga marang Gusti Kang Maha Kuwaos, supados ingkang seda dipunparingi pangapunten, dipunwiyaraken makamipun, saha amal kesaenanipun saged katampi dening Gusti Allah. Sasampunipun donga, sedaya kluwarga sami wangsul dhateng griya saprelu nyamektakaken tahlilan.
Nalika sampun ndhungkap wekdal kangge tahlilan, ingkang gadhah hajat nyamektakaken sedaya kabetahan, kadosta nggelar klasa, ngeset mic saha speaker, nata berkat, saha nyamektakaken unjukan saha nyamikan. Limrahipun para mudha wonten ing Dhusun Ngalian ugi mbiyantu adicara tahlilan menika. Para mudha sami ngladekaken unjukan saha nyamikan. 

 
Para mudha Dhusun Ngalian

Adicara tahlilan kawiwitan kanthi donga saha tahlil ingkang dipunpimpin dening modin utawi mbah kaum dhusun Ngalian. Donganipun miturut tata cara agami Islam, kadosta maos Al-Fatihah, dzikir, saha maos surah-surah sanesipun. Ananging saderengipun tahlil, para rawuh kasuwun ngunjuk saha dhahar nyamikan rumiyin. Sasampunipun dhahar saha ngunjuk, kalajengaken tahlil. Tahlil dipunpungkasi kinten-kinten tabuh sanga. Nalika berkat sampun kacaosaken dhateng para rawuh, sedaya saged kondur wonten dalemipun piyambak-piyambak.

            
Mbah Kaum miwiti tahlil                           Para rawuh sami ngunjuk

           
Para Rawuh sami pikantuk dhaharan        Nyamikan

Mbah H. Suwito ngendikakaken bilih petungan kangge slametan tiyang seda menika sampun wonten tuntunannipun wonten ing tembang macapat Sinom. Mekaten cakepanipun : Siji siji yen sur tanah ; Telu telu telung hari ; Pitu loro pitung dina ; Lima lima wandasari ; Ro lima nyatus hari ; Papat papat pendhakipun ;Enem kalawan lima ;Pan wus jangkep sewu hari ; Den waspada ngitung tanggal sasi nira.
Menawi dipuncakaken wonten ing sedanipun Almh. Ny. Saminem mekaten, menawi boten klentu anggenipun ngetang, simbah Ny. Saminem kala rumiyin sedanipun Rebo Legi. Menika, Rebo, Kemis, Jemuah kangge tigang dinten. Lajeng Rebo, Kemis, Jemuah, Setu, Ahad, Senin, Selasa kangge pitung dinten. Lajeng patangpuluhipun gangsal-gangsal, Rebo, Kemis, Jemuah, Setu, Ahad, menika sampun kangge patangpuluhipun. Lajeng satusipun menika Rebo, Kemis satusipun. Kangge setaunipun menika sekawan-sekawan, Rebo, Kemis, Jemuah, Setu sampun kangge setaunipun. Lajeng samenika rongtaunanipun, saged mendhet sami kaliyan setaunipun utawi dinten sedanipun. Lajeng pengetan ingkang dereng, enem, gangsal sewu, menika sewunipun dipunetang Rebo, Kemis, Jemuah, Setu, Ahad, Senen, benjang menika sewunipun malem Senen, menawi boten klentu anggenipun ngetang. Pitung dina diangge sedaya, menika kangge putra wayah supados saben dinten sami caos donga kangge ingkang sampun seda.
Dadosipun, anggenipun mengeti sampun ngantos klentu. Amargi menawi klentu, wonten dinten ingkang gabuk utawi kothong. Umpaminipun panjenengan mbangun griya mbetahaken sewu gendheng, menawi anggenipun nata gendheng menika leres, sewu gendheng cekap. Ananging menawi wonten gendheng ingkang klentu anggenipun nata, menika wonten ingkang bolong. Menawi bolong nalika jawah bakal trocoh. Sami kaliyan petungan dinten mengeti slametanipun satunggaling tiyang.
Asil saking wawancara kaliyan Mbah Kaum saha sesepuh Dhusun Ngalian, kekalihipun ngendika bilih pengetan kalih dinten menawi boten dipunwontenaken boten menapa-menapa, ananging menawi dipunwontenaken sedaya sedherek sami saged paring donga kangge ingkang seda. Menika nedahaken bilih adicara menika saged kangge ngraketaken tali silaturahim. Lajeng  saged ugi kangge sodaqoh awujud menapa kemawon, kadosta unjukan menapa dhaharan sawontenipun. Menika kala wau fadilahipun ageng sanget, saha ingkang seda menika mbetahaken donga, boten mbetahaken menapa-menapa sasanesipun donga. Menawi boten katindakaken tahlilan, menika nedahaken bilih boten kathah ingkang paring donga kangge ingkang sampun seda.
Miturut Mbah Kaum, mengeti adicara kados menika gumantung saking keimanan tiyang gesang. Kathah ingkang sarujuk ugi wonten ingkang boten sarujuk.  Menika wangsul malih dhateng piyambakipun. Wonten ugi ingkang kebangeten nyebut adicara menika musrik. Menika pratandha bilih piyambakipun mirsani saking ala-alanipun adicara menika, kadosta ngangge sajen, saha nyekar ngangge kembang setaman.  Kamangka fadilah saking adicara menika kathah sanget kangge tiyang gesang. Ananging menawi wonten ingkang boten sarujuk, sumangga, menika sedaya wangsul dhateng kapitadosanipun piyambak-piyambak. Amargi samubarang ingkang badhe katindakaken menika gumantung saking niyat.
Saking andharan wonten ing nginggil, saged dipundudut bilih dumugi samenika taksih kathah tiyang Jawi ingkang nindakaken adicara slametan tumrap tiyang ingkang sampun seda. Menika sampun dados tradhisi turun-tinurun. Menawi boten dipuntindakaken, tiyang Jawi ajrih mundhak kadadosan prekawis ingkang boten dipunkajengaken. Satemah sedaya prekawis ingkang wonten gayutipun kaliyan slametan tiyang seda, kadosta sajen, berkat, nyekar (ziarah kubur), undang-undang tiyang sadhusun taksih jangkep katindakaken.
Adicara slametan menika gadhah mapinten-pinten mupangat wonten ing pagesangan menika. Kados kala wau ingkang sampun kaandharaken wonten ing nginggil bab makna sajen. Lajeng, slametan saged ngraketaken paseduluran, kangge sodaqoh awujud nyaosi dhaharan menapa wontenipun, ngintun donga kangge tiyang ingkang sampun seda, nambahi guyub rukunipun para warga dhusun, saha kangge nglestantunaken budaya Jawi. Adicara menika ugi ngawrat mapinten-pinten nilai, kadosta nilai budaya, nilai agami/religius, nilai sosial, nilai moral, nilai solidaritas, nilai etika, saha nilai kesusilaan.
Nilai budaya ingkang wonten menika bab budaya Jawi kadosta sajen, nyekar ngangge kembang setaman, saha tradhisi slametan tiyang seda. Nilai agami/religius menika bab dzikir saha donga kangge tiyang seda. Lajeng, nilai sosial saha solidaritas ingkang wonten inggih menika ngraketaken paseduluran antawisipun para warga dhusun Ngalian saha kangge srawung para mudha dhusun Ngalian. Nilai moral, kesusilaan, saha etika ingkang wonten inggih menika ingkang gadhah hajat nyaosi rejeki dhateng para tetanggi saha sedherek, lajeng nalika badhe miwiti tahlilan para rawuh sami jawat asta kaliyan ingkang gadhah hajat. Nalika badhe kondur, para rawuh ugi sami jawat asta. Nalika tahlilan wonten suguhan, para rawuh anggenipun ngunjuk saha dhahar nengga dipunsumanggakaken dening mbah kaum. Menika nedahaken etikanipun tiyang Jawi. 

   
Para rawuh sami kondur saha jawat asta

Saking mapinten-pinten andharan wonten ing nginggil, adicara pengetan sedanipun tiyang menika wigatos sanget kangge tiyang Jawi. Satemah saking uba rampe saha prosesi menika kedah jangkep. Adicara slametan menika ugi kathah sanget mupangatipun satemah kedah dipunlestantunaken wonten ing jaman modern samenika.

NB :    Sedaya foto minangka dokumentasi panyerat rikala 6 Desember 2016
Video jangkep saged dipuntingali wonten ing laman you tube menika :
https://www.youtube.com/watch?v=pN9RvlC929E

0 komentar:

Posting Komentar