GEGURITAN ANYAR

Minggu, 20 November 2016




                  WIT RAMBUTAN


(Sumber Gambar : https://www.google.co.id/search?q=gambar+pohon+rambutan)

Watangmu wit rambutan
Ana kang lemu ana kang kuru
Saya dhuwur katon misuwur, saya mangisor katon asor
Ngawe semut karepe dilarud
Nggered angga-angga karepe didadekake tangga

Wohmu wit rambutan
Sing abang-abang marakake semut kepengen ngemut
Dene kang ijo-ijo ora kanggo
Rambutan abang wae diethel gogroke angel
Rambutan ijo ora digepyok wis padha gogrok

Ronmu wit rambutan
Padha ngrembuyung migunani kaya payung
Bisa nutupi saka panase pratanggapati
Ron kang ijem uripe ayem, ron kang jene uripe kere
Kuwi kabeh mau minangka pralambang saka manungsa

0 komentar:

Posting Komentar