GEGURITAN

Minggu, 13 November 2016


BABE

 
(Gambar : dokumentasi panganggit tanggal 30 Oktober 2016)
 
Sapa kuwi?
Awake gedhe dhuwur
Ora lemu ning ya ora kuru
Pancen wis tuwa
Nanging sing tuwa amung raga

Sapa kuwi?
Rambute pirang rada putih kaya Landa
Jebul asli wong Jawa
Nganggo ali-ali watu akik
Ning mung sithik

Sapa kuwi?
Kathoke biru kecu klambine putih arih
Kupluke uga warna putih
Eseme pait madu
Weruh sapa-sapa mesthi ngguyu

Sapa ta kuwi?
Srengenge isih angler
Wis anyenyeker mider-mider
Wit-witan ngawe-awe njaluk disiram
Kembang-kembang uga ngelak eram

Sapa ta kuwi?
Lunga teka mlebu metu
Mubeng-mubeng mlaku-mlaku
Ya nyapu ya ngukup uwuh
Tambah ngresiki wadhah uwuh

Sapa ta kuwi?
Ya tukang sapu ya tukang kunci
Njaga gedhung FBS lan LabKar
Sapa ta?
Yaiku Babe.
 

2 komentar:

ibat7c mengatakan...

1.babe
2.babe
3.mbah kaum
4.babe

5.babe
6.babe

Guritan reka pravita mengatakan...

Apa to mas ibat? Pun digarap tugase?

Posting Komentar