Selasa, 18 Oktober 2016

Sugeng Enjing, Sugeng Siyang, Sugeng Ndalu para pamaos.....
Wonten ing seratan kula menika, kula badhe ngandharaken babagan asal usul saha makna saking nama kula. Kenging menapa? Amargi kula pikantuk tugas saking Ibu Avi, dosen kula Nyerat Fiksi Jawi, pundhawuhi nyuwun pirsa dhateng Bapak Ibu kula bab makna saking nama  kula.
Rikala Rebo Wage, 5 Maret 1997, bapak saha ibu kula paring nama “PRAVITA DANISWARI” kangge kula. Lajeng menapa maknanipun nama kula? Rikala rumiyin, kula nate nyuwun pirsa dhateng ibu amargi pikantuk tugas nyerat biografi saking guru SMA. Ananging ibu paring wangsulan , “embuh nok ora ngerti.” Lajeng kula menggalih sekedhap, menawi kula nyuwun pirsa bab ingkang sami kaliyan kala rumiyin, lha nggih boten perlu nyuwun pirsa sampun mangertos wangsulanipun, nggih ta? Hehehe.
Lajeng kala wingi kula nyobi malih nyuwun pirsa dhateng ibu. Menapa wangsulanipun? Sinten ingkang mangertos? Alhamdulillah boten sami kaliyan kala rumiyin :D. Ibu ngendika bilih rikala kula lair rumiyin , dalemipun ibu saha bapak kula wonten Mbesi, Jalan Kaliurang. Menika celak kaliyan Perumahan Griya Perwita, pramila kula diparingi nama Pravita. “Menapa hubunganipun Perwita kaliyan Pravita, Bu?” Kula nyuwun pirsa malih kanthi mesam-mesem. “Lha nek arep dijenengi Perwita kok kayane aneh, mosok jeneng perumahan  dinggo jeneng anakku. Mula ben rada modern sithik diowahi dadi Pravita.” Ibu paring wangsulan ugi kanthi mesam-mesem. Ambu-ambune kok kula radi curiga nggih, menika kala wau saestu menapa ibu kula namung gawe-gawe, hahaha.
Bilih “Pravita” saking tembung “Perwita”, lajeng “Daniswari” pikantuk saking pundi? Ibu kula ngendika bilih kala rumiyin ngandut kula, ibu remen maos novel. Irah-irahan novelipun kesupen ananging wonten ing salebeting novel menika wonten paraga anama Daniswari. Ngendikanipun , ibu kula remen sanget kaliyan paraga menika lajeng kula pun paringi nama Daniswari. Ananging ibu boten nyariosaken sipat-sipat saking Daniswari menapa solah bawanipun ingkang damel ibu kula remen kaliyan watak paraga Daniswari. Lajeng kula namung saged inggih kemawon. Dumugi sakmenika nama kula Alhamdulillah taksih Pravita Daniswari kanthi nama cekak Danis.
Ananging amargi kula taksih kepo menapa ta makna saking nama kula, lajeng kula meguru  dhateng Mbah Google. Sanjangipun Mbah Google, menika wonten ing website namamia.com ngandharaken bilih Pravita menika nama kangge lare wadon ingkang populer wonten ing taun 1998. Wonten ing Bahasa Indonesia, Pravita gadhah makna “bersahaja”. Lajeng Daniswari menika wonten google ndilalah boten wonten, ingkang wonten menika nama Daniswara. Menawi Daniswara, miturut basa jawi gadhah makna kaya utawi sugih saha mulia utawi mulya.  Miturut basa sansekerta gadhah makna Raja yang mahsyur dan kaya raya. Daniswara asring kangge nama lare kakung. Amargi kula menika wadon, nama kula Daniswari, lajeng kula gadhah panemu piyambak bilih Daniswari menika gadhah makna Ratu yang mahsyur dan kaya raya, hehehe. Menawi dipungandheng, Pravita Daniswari menika maknanipun Ratu yang mahsyur, kaya raya, dan bersahaja. Keren nggih nama kula? Hehehe. 
Kula kinten cekap semanten rumiyin andharan saking kula babagan asal-usul nama kula. Benjang pepanggihan malih wonten ing blog kula kanthi andharan ingkang sanes.

Matur nuwun sedaya ;) ;) ;) ;)

0 komentar:

Posting Komentar