LEGENDA KI AGENG WONOLELO

Minggu, 23 Oktober 2016

LEGENDA KI AGENG WONOLELO

            Ki Ageng Wonolelo utawi Jumadigeno, keturunan saking Prabu Brawijaya V. Ki Ageng Wonolelo menika misuwur minangka panyebar agami Islam wonten ing masa Kerajaan Mataram. Miturut sesepuh, Ki Ageng Wonolelo kagungan ngelmu kabatosan saengga panjenenganipun dipunutus Raja Mataram sowan dhateng Kerajaan Sriwijaya Palembang. Rikala semanten, Kerajaan Sriwijaya menika balela marang Mataram, lajeng Ki Ageng Wonolelo dipunutus merjaya Sriwijaya. Ki Ageng Wonolelo saged merjaya Sriwijaya tanpa peperangan.
            Asma Ki Ageng Wonolelo langkung misuwur lajeng kathah tiyang ingkang sowan kangge ngudi ngelmu. Ki Ageng Wonolelo kathah maringi tinggalan arupa tapak tilas, pusaka, saha barang kramat sanesipun. Tapak tilas menika awujud Rumah Tiban, Surau, Gumuk Lengki, Gua Landak saha Makam Ki Ageng Wonolelo piyambak. Amargi kathah jasa-jasa saking Ki Ageng Wonolelo, para warga Pondok Wonolelo, Widodomartani, Ngemplak, Sleman saben taun ngadani adicara upacara adat Saparan saha Kirab Pusaka Ki Ageng Wonolelo.
                 Adicara menika kawiwitan saking pengajian akbar lajeng kagiyatan pengajian rutin wonten ing Pendapa Makam Ki Ageng Wonolelo saben dinten wonten ing sasi sapar. Lajeng wonten ing puncak adicara menika wonten Kirab Pusaka Ki Ageng Wonolelo. Ingkang dherek kirab inggih menika para bregada sesepuh trah, sesepuh dusun, putra wayah, santri alim ulama, prajurit, putri domas kaliyan kelompok-kelompok kesenian. Ingkang dikirab inggih menika ingkang sepisan Kitab Suci Al-Quran paninggalan Ki Ageng Wonolelo.

 















Kaping pindho inggih menika Bandil, kados bola alit ingkang wonten tali saha gujenganipun, kala rumiyin diagem  Ki Ageng Wonolelo kangge bangun Pondok Wonolelo. Miturut sesepuh, kala rumiyin Bandil diubengaken saknginggilipun mustaka lajeng diuncalaken wonten ing wit-witan ageng. Lajeng wit-witan kala wau saged dados garing lajeng tiba. Ananging sakmenika Bandilipun sampun ical.
 Ingkang kaping tiga inggih menika Rasukan Antrakusuma, kados rompi saha ginanipun kangge kekebalan badan ingkang ngagem. Kala rumiyin diagem Ki Ageng Wonolelo nalika babat alas supados boten kenging gaman, boten diganggu kewan, boten kenging jin, setan saha banas pati.
 Kaping sekawan inggih menika Kopyah. Kacarita, kopyah menika ingkang diangge Ki Ageng Wonolelo merjaya Kerajaan Sriwijaya. Nalika saksampunipun Ki Ageng Wonolelo shalat, panjenenganipun miringaken kopyah lajeng kopyah menika saged damel Masjid, bumi Palembang ndherek miring lan damel masyarakat sami dhawah. Saengga Ki Ageng Wonolelo saged merjaya Sriwijaya tanpa peperangan.
Kaping gangsal inggih menika Cuwilan Kayu Jati Mustaka Masjid ingkang kala rumiyin dipunangge bangun surau utawi masjid. Kaping enem Tumpeng Robyong minangka simbol ngicalaken keruwetan saking gangguan-gangguan saha minangka lambang kasuburan. Wonten ugi ingkung ayam minangka simbol manungsa kang pasrah mring Gusti Kang Maha Kuwaos. Lajeng wonten Pisang Ayu, Kembang Telon, Buah-buahan, Daun Kluwih 5 lembar saha Tumpeng Gangsal Kluwih Pitu ingkang nedahaken wekdal menika wonten pitung dinten saha gangsal pasaran.
Ingkang pungkasan inggih menika Gunungan Apem arupa gunung lancip minangka pralambang bilih pangripta alam menika namung setunggal inggih menika Gusti Allah. Kacarita, Tradisi Gunungan Apem menika miturut para sesepuh rikala rumiyin Ki Ageng Wonolelo asring tindak haji lajeng nalika kondur ngasta oleh-oleh arupa Roti Gimbal. Roti ingkang kadamel saking tepung beras kados apem. Lajeng roti menika dipunsebut apem. Apem menika saking basa Arab “Afuwun” inggih menika “Ampunan” rikala rumiyi apem menika namung dipunbagi dhateng tangga tepalih ananging sakmenika amargi kathah sanget ingkang ngersakaken apem lajeng wonten ing wetan makam Ki Ageng Wonolelo dipundamel panggung kangge adicara Sebar Apem. Apem menika dipunpitados dening masyarakat saged kangge tolak bala hama tanaman saha berkah sanes. Dumugi sakmenika tradisi Sebar Apem saha Kirab Pusaka Ki Ageng Wonolelo taksih lestantun.




 

0 komentar:

Posting Komentar