JENIS-JENIS TEKS

Minggu, 23 Oktober 2016

JENIS JENIS TEKS

     1. Teks Ekspresif
  Teks ekspresif inggih menika teks ingkang wosipun asil saking ekspresi jiwa panganggit. Teks ekspresif menika saged gegayutan kaliyan pengalaman panganggit saged ugi asil imajinasi saking panganggit. Teks menika ugi saged gambaraken kados pundi kahanan panganggit utawi menapa ingkang panganggit raosaken. Ancasipun saged kangge mahyakaken emosi panganggit. Ingkang kalebet teks ekspresif kadosta cerkak, geguritan, catatan diary, lsp.
Tuladha Teks Ekspresif saged dipuntingali wonten link menika :




Analisis :
Tuladha cerkak wonten ing nginggil kalebet teks ekspresif amargi cerkak menika minangka ekspresi jiwa saking panganggit. Cerkak menika nyariosaken bab kekancan boten pareng padudon. Cerkak menika saged minangka andharan pengalaman pribadi panganggit, saged ugi imajinasi saking panganggit.

2.      2. Teks Informatif
   Teks informatif inggih menika teks ingkang wosipun andharan utawi pawartos bab menapa kemawon ingkang asipat ilmiah utawi saestu kawontenanipun. Tuladha teks informatif kadosta pawartos wonten ing koran saha majalah, karya ilmiah, lsp.
Tuladha Teks Informatif saged dipuntingali wonten link menika :



Analisis :
Tuladha kekalih wonten ing nginggil menika kalebet teks informatif, amargi kekalihipun gadhah ancas nyaosi pawarta utawi informasi. Tuladha ingkang sepisanan nyaosi pirsa bab lare Riau kathah ingkang putus sekolah. Tuladha ingkang kaping kalih nyaosi pirsa bab para petugas pemadam kebakaran taksih ngupaya mateni geni ingkang ngobong wana wonten ing Giri Lawu.

3. Teks Estetis
    Teks Estetis inggih menika teks ingkang ngemu unsur kaendahan. Ancasipun kangge mahyakaken raos seni saking panganggit. Ingkang kalebet teks estetis kadosta geguritan, tembang macapat, lsp.
Tuladha Teks Informatif saged dipuntingali wonten link menika :



Analisis :
Tuladha geguritan wonten ing nginggil kala wau kalebet teks estetis amargi ngemu kaendahan. kaendahan menika saged dipuntingali saking wos saha pamilihipun tembung salebeting geguritan.

     4. Teks Argumentatif
  Teks Argumentatif inggih menika teks ingkang wosipun panemu saking panganggit. Ancasipun kangge damel pamaos saged mitadosi menapa ingkang dipunandharaken dening panganggit. Anggenipun nyerat teks menika ngangge penalaran, inggih menika dipungayutaken antawisipun fakta-fakta saha bukti-bukti. Tiga unsur wonten ing teks argumentatif inggih menika : 1). Data; 2). Fakta; saha 3). Pendapat Ahli (expert).
Tuladha Teks Informatif saged dipuntingali wonten link menika :

Analisis :
Tuladha wonten ing nginggil kala wau kalebet teks argumentatif amargi ngandharaken pamanggihipun panyerat. Bab ingkang dipunandharaken inggih menika bilih satunggaling tiyang ngudi ngelmi basa jawi menika gadhah relevansi kaliyan piwulang budi pekerti.

    5. Teks Persuasif
  Miturut Syamsudin (2009: 40), teks persuasif inggih menika teks ingkang wosipun ngupaya supados menapa ingkang dipunandharaken dening panganggit dipunpitados sanget kaliyan pamaos. Ancasipun supados pamaos kersa nindakaken menapa ingkang dipunandharaken salabetipun teks menika. Teks persuasif menika asring kangge propaganda Lembaga Kesehatan, Pemerintah, lsp. Ingkang kalebet teks persuasif inggih menika iklan layanan masyarakat, iklan kangge komersial, saha pawarta ingkang wosipun pangajak dhateng pamaos.
Titikanipun Teks Persuasif :
1)      Panganggit mangertos bilih pendirian saha pemahaman pamaos saged dipunowahi
2)      Ngupaya kanthi ngandharaken saha damel kapitadosan pamaos
3)      Ngupaya nebihaken saking konflik supados kapitadosan pamaos boten ical
4)   Nedahaken fakta-fakta saha data kangge ngiyataken argumentasi utawi dalal saking panganggit.
Tuladha Teks Informatif saged dipuntingali wonten link menika :
http://www.bloggedewek.com/2016/02/contoh-iklan-dalam-bahasa-jawa-beserta.html?m=1 

Analisis :
 Tuladha ingkang sepisan ngrembag bab bebaya rokok saha ngajak pamaos supados mandheg anggenipun ngrokok. Lajeng tuladha ingkang kaping kalih ngrembag bab iklan mapinten-pinten produk ingkang ancasipun supados pamaos mundhut produk kala wau. Satemah tuladha kekalihipun kalebet wonten ing tuladha teks persuasif.

6.      6. Teks Deskriptif
   Teks deskriptif inggih menika teks ingkang nggambaraken objek, kanthi ancas supados pamaos ngraos kados ningali piyambak objek ingkang dipungambaraken. Saged ugi pengalaman ingkang saged dipuntingali, dipunraosaken, dipunmirengaken migunakaken pancaindra. Bab ingkang dipungambaraken kadosta kaendahan alam, kahanan jasmani, menapa perabot-perabot saha sanes-sanesipun.

Urut – urutan nyerat paragraf deskripsi:
1)      Nemtokake tema / objek karangan
2)      Nemtokake ancasipun karangan
3)       Ngempalaken data kanthi ngamati objek ingkang dipundadosaken objek karangan
4)      Nata rantamaning karangan (nyusun rancangan karangan
5)       Ngembangake kerangka karangan
Ciri – ciri paragraf deskripsi :
1)      Nggambaraken samukawis (sesuatu)
2)      Kangge ingkang maos saha ingkang mirengaken kados-kados ngraosaken kahanan menika piyambak
3)      Saged dipunraosaken ngangge panca indra .
Tuladha Teks Informatif saged dipuntingali wonten link menika :
http://brainofayn.blogspot.co.id/2016/04/contoh-deskripsi-panganan-tradisional_56.html?m=1

Analisis :
Tuladha wonten ing nginggil ngandharaken bab apem saha menapa kemawon ingkang wonten gegayutanipun kaliyan apem. Satemah tuladha kala wau kalebet teks deskriptif.


REFERENSI


0 komentar:

Posting Komentar