Sisri Ndhangdhutan
Wong salah ora gelem ngaku salah
Suwe-suwe sapa wonge sik betah
Mripatku uwis ngerti sak nyatane
Kowe selak golek menangmu dhewe
Tak tandur pari jebul thukule suket teki
............................................................
“Sri...Sri...
kowe ki nengdi? Radione nywara ket mau esuk kok bocahe ora ana ta?!”
Esuk-esuk
ibu wis bengak-bengok nggoleki Sisri. Pancen ya ngono, Sisri kuwi mau bocah
wadon kang seneng ndhangdhutan. Apa maneh iki dina Minggu, wis kelakon tutug
anggone Sisri ndhangdhutan sedina mlaya. Arepa seneng ndhangdhutan nanging
Sisri kuwi bocahe mrantasi gawe.
“Wooo lha bocah, jebul malah njoged-njoged ora
cetha.” Ibu nemoni Sisri sing nembe umbah-umbah sinambi gulune gela-gelo sikile
gedrug-gedrug karo merem-merem mripate. Andekna Sisri ki ya ora weruh yen ibune
marani dheweke.
“Iki
ki umbah-umbah apa njathil ta kowe, Sri? Hee melek melek ndhak dikira kesurupan
kowe ki, Ndhuk!”
“Napa
ta, Buke ki? Sebagai ibu yang baik yen mirsani anake umbah-umbah rak nggih
diewangi, niki kok malah disengeni.” Sisri kuwi bocah e polos, nanging
sok-sok polos karo lolane Sisri ki beda tipis. Ya kadang pancen polos,
ning akeh-akehe bocah kuwi ki lola alias loading lama, yen ra
ngerti loading lama ki apa, ya wis anggep wae radhongan alias le ora dhong
kerep tenan. Buktine, ngerti dheweke disengeni merga umbah-umbah nanging malah
radione dijarke nywara ora dipateni dhisik, e... la kok wani-wanine ngakon
ibune ngewangi umbah-umbah, rak ya lucu ta Sisri ki.
Pancen
uwis adat e wong desa ket jaman biyen, saben preinan sekolah, bocah-bocah padha
nindakake pagaweyane dhewe-dhewe. Umbah-umbah, nyapu, isah-isah piring gelas,
reresik omah, sing biasane ditindakke dening wong tua digenteni anak-anake.
Beda karo bocah-bocah jaman saiki. Apa-apa wis sarwa kepenak. Umbah-umbah
nganggo mesin cuci, wis ora ucak-ucek maneh. Tur apa ya ana bocah saiki sik
gelem nggujengi sapu? Jare yen nggujeng sapu wedi ndhak panunen. Nek
umbah-umbah ndhak kukune lecet, jare bar seka salon.
“Lha
re mu ndelok ki Ibu mu nembe napa iki? Nembe nongseng? Kowe tak tongseng
gelem?” Ibune Sri sansaya gembreget marang Sri.
“Ha
nggih Ibu niku kok tega ta kalih anake dhewe? Mosok anake arep ditongseng. Jare
le nglairke wae angel, banjur wis lair, wis gedhe methongkrang ngene iki arep
ditongseng. Istighfar bu istighfar......”
“Wo
lha bola-bali yen cah ora dhong. Ngene lho, Ndhuk, anakku sing ayu dhewe sak daratan
Eropa.” Ibu ngambali anggone ngendikan nganggo swara kang luwih alus tinimbang
mau.
“Sri,
kowe ki rak lagi umbah-umbah ning sumur ta? Sumur karo kamarmu ki rada adoh.
Sesuk maneh yen arep umbah-umbah, radione dipateni dhisik. Yen wis rampung lagi
diuripke maneh oleh. Ora pantes yen esuk-esuk nyetel radio serune sakmana, mbrebeki
tanggane, Sri.”
“Oalah,
rak nggih ngendika ket mau ta, Bu. Ampun nesu-nesu ngoten niku. Kula ki ra dhong,”
wangsulane Sri blaka.
“Hiya
pancen ket biyen kowe ki ora dhongan kok, Sri... Sri....” Ibune mangsuli Sri
karo cengengas-cengenges. Sajakke Ibune Sri ki ya pancen seneng yen nggodhani
Sri. Sanajan ta wis ngerti yen anakke lola, nanging malah sengaja
digarapi.
“Wis
gek wisuh, radione dipateni dhisik kana. Nek ana sik liwat ngarepan omahe dhewe
ndhak melu njoged.”
“Inggih,
Ibu kula ingkang ayu piyambak sak desa Ngalian. Hehehe...” Sisri genti nggodha
ibune sinambi mlaku njujug kamare.
Bruuuuk......
Suarane
banter banget kaya gori gedhe tiba. “Apa kae? Kok kaya ana sing tiba. Kayane
swarane saka kamar ngarep.” Ibune Sisri kaget banjur mlayu banter tumuju kamar
ngarep.
“Ya
Allah, Sisri.... kowe kena apa, Ndhuk? Ya Allah...” Ibune Sisri ndhredhek karo
metu luh e weruh anake turu ning jogan. “Pakne, mrene, Pak. Iki piye anak mu
iki?! Jum, Juminten, tulungana adhimu iki. Sisri...” Ibune Sri nangis ngglolo
sambi nyeluk bapakne Sri karo Juminten, mbakyune Sri.
“Sisri....
Sisri kena apa, Bu?” Bapakne Sri kaget weruh anake ngglethak ana ing jogan,
sirahe getihen, sajake njedhuk tembok kamar e Sri. Juminten ya melu ngewel
awake weruh adhine kaya ngono.
“Ayo,
Bu, Pak, ndhang digawa ning Rumah Sakit wae. Tak nyilah mobile Pakdhe
Sukiran.” Juminten mbengok banjur mlayu nyang daleme pakdhe Sukiran.
“Kana,
Ndhuk. Cepet ya!”
“Tangi,
Sri, tangi!” Ibune Sri isih nyoba nangekake Sisri sing semaput.
“Kula
nuwun, Pakdhe, Pakdhe.”
“Nggih,
ana apa, Ndhuk? Kok kesusu?”
“Pakdhe,
nyuwun tulung panjenengan beta adhi kula, Sisri dhateng Rumah Sakit.”
“Sisri
kena apa?” Pakdhe Sukiran kaget.
“Sirahe
getihen, Pakdhe. Nyuwun tulung?”
“Ya..ya
tak ngetokake mobil sik.”
Pakdhe
Sukiran age-age ning omahe Sri.
Pim...pim...
“Kae,
Pak. Pakdhe Sukiran wis teka. Ayo ndang!”
Bapak
mbopong Sisri tumuju mobil. Kurang luwih 15 menit wis padha tekan Rumah
Sakit. Sisri dibopong metu saka mobil, ibune Sri mbengok nyeluki suster.
“Suster...suster
tulung anak kula.”
“Iya
ibu biar kami yang tangani, Ibu silahkan tunggu di luar ruangan.” Sustere
gawa Sri nyang njero UGD. Saka ngomah tekan Rumah Sakit Sisri isih
semaput, bisa marga akeh getih kang metu saka sirahe. Ora let suwe dokter metu
saka ruangan.
“Bagaimana
anak saya, Dokter?”
“Mohon
maaf, Ibu, banyak darah yang keluar dari kepala anak bu, sehingga anak ibu
memerlukan donor darah secepatnya. Golongan darah anak Ibu B. Apa dari keluarga
ada yang bergolongan darah B?”
“Kula,
Dok. Kula B, pendet darah kula mawon.” Ibune Sisri duwe golongan
darah B, ananging bapakne Sri golongan darahe A. Dadi sing iso
ndonor mung ibune Sri. Dasare kabeh ibu kuwi kaya malaikat, ora bisa
ndelok anake kelaran. Apa wae bisa dilakoni kanggo anake.
Ibune
Sri banjur dijak ning ruang donor darah. Kurang luwih setengah jam
rampung anggone donor darah. Ora let suwe Sisri wis melek. Ibu, bapak, pakdhe
Sukiran, lan Juminten wis ana ing cedhake Sisri.
“Piye,
Ndhuk? Wis kepenak apa urung?”
“Tasih
rada mumet, Bu. Kok kula bobok ten mriki ta, Bu?”
“Mau
ki kowe tiba ning kamar mu, Ndhuk. Sirahmu kejadhuk tembok metu getihe. Jare
dokter merga akeh getih sing metu kowe kudu di donori darah. Nah,
sing ndonorke Ibumu, Ndhuk, sik padha-padha B golongan darahe.”
“Ya
Allah, Bu. Matur nuwun nggih, Bu sampun maringi getih kanggo anakmu sik ngeyel
iki.” Sisri trenyuh krungi jlentrehan saka bapakne. Wis sakmesthine kabeh wong
tua pengen sik apik-apik kanggo anake.
“Kowe
ki mau ngapa ta, Ndhuk? Kok bisa tiba semaput ki?” Bapakne Sisri kepengen
weruh.
“Sakelengku,
Pak, mau Ibu ndhawuhi aku mateni radio. Aku ninggal le ku umbah-umbah mlaku
nyang kamar. Lha kok ya ndilalah aku ora weruh yen cerak lawang kamar ana kabel
radio sing takcolokke. Radione tak pindah cerak lawang ben krungu swarane saka
sumur, Pak. Merga sikilku isih rada teles, nyandhung kabel, aku kepleset nubruk
tembok, ndilalah sik kena sirahku. Rasane mumet banget, Pak. Banjur aku ora
kelingan apa-apa.”
“Sesuk
maneh ki sing ngati-ati ta, Ndhuk. Ndhangdhutan ki oleh nanging kudu ngerti
wayah lan panggonan. Yen ngumbahi ya ngumbahi wae, re ndhangdhutan keri nek wis
rampung umbah-umbah.”
“Bener
apa sing dingendikake Bapakmu, Ndhuk. Sesuk maneh sing ngati-ati ya. Ibu ki sayang
banget karo kowe, Ndhuk.”
“Nggih,
Pak, Bu.”
Kurang
luwih limang dina Sisri wis oleh mulih saka Rumah Sakit. Anggone mulih
dipethuk pakdhe Sukiran. Sawise tekan ngomah, Sisri dituntun njujug kamare.
“Wis,
Ndhuk. Leren sik ya?”
“Pak,
kula boten saged bobok. Ndhangdhutan angsal boten? Hehehe...” Sisri
matur karo mesam-mesem.
“Wealah,
lagi wae mari kok ndhang njaluk ndhangdhutan. Bu...iki lho anakmu iki.” Bapakne
Sri nyeluk ibune Sri.
“Apa
ta, Pak?” Ibune Sri karo Juminten mlaku nyang kamare Sri.
“Sisri
iki aneh-aneh wae, nembe mulih saka Rumah Sakit ndhang njaluk
ndhangdhutan.”
“Alah
ya ben, boten napa-napa, Pak. Sapa ngerti bar disetelke dhangdhut langsung mari
hahahaha...” Juminten nyambungi karo ngguyu.
“Ya
wis tak setelke ya?” Ibune mangsuli karo mlaku nyedhaki radio.
“Lagu
Sayang bu, cocok niku hahaha...”
Sisri
klekaran karo manggut-manggut ngrungokake lagu. Ibu, bapak, karo Juminten padha
leren marga kesel limang dina nunggoni Sri ning Rumah Sakit.
--RAMPUNG--
0 komentar:
Posting Komentar