SINAU BASA JAWI LUMANTAR AGAMI

Jumat, 15 Mei 2020


Menapa kemawon suri tauladhan Kanjeng Nabi Muhammad SAW?
Menika andharanipun, diwaos nggih para siswa.
1.      Tansah netepi janji.
Nalika gesang menika, Rasulullah SAW kawentar minangka tiyang ingkang jujur, amanah, saha saged dipunpitados.
2.      Pasuryanipun ketingal manis.
Rasulullah SAW tansah mesem saha pasuryanipun ketingal manis, pramila para sahabat remen sanget ningali Rasulullah SAW.
3.      Tansah ngurmati tiyang ingkang mertamu.
Rasulullah SAW menika tansah mulyakaken dhayohipun, wiwit saking nyamektakaken dhaharan ingkang eca, ngajak wawan pangandikan, ugi ndherekaken nalika dhayohipun badhe kondur.
4.      Njagi silaturahim.
Rasulullah SAW menika boten remen padudon mila panjenenganipun estu estu njagi silaturahim kaliyan tangga tepalihipun.
5.      Tumindakipun tansah sareh lan ngatos-atos.
Menapa kemawon ingkang dipuntindakaken Rasulullah SAW menika saged dados patuladhan utaminipun kangge umat muslim.
6.      Tansah nuhoni menapa ingkang dados dhawuhipun Gusti Allah.
Rasulullah SAW minangka utusan kangge para jalma menika rina lan wengi tansah ngibadah marang Gusti Allah. Pramila panjenenganipun dados suri tauladhan ingkang sae.

0 komentar:

Posting Komentar